Latihan Soal


       I.            Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi milih siji wangsulan sing bener !

KAHANAN WAYAH ESUK
Awan kanthi bulak
Kahanane peteng dhedhet
Kabeh pada keblowok turu kepati
Tanpa raga tanpa swara
            Ora watara suwe
            Wengise wengi sing kumlebat
            Karosane ilang tanpa tilas
            Kasentor ublik katon gagah
Sapungkure iku
Ngundang etan gedhe,ngancik wayah esuk
Kawiyak sunaring srengenge
Surya ngrembaka maneh
Kabeh pada tangi
Kabeh pada bungah
Kabeh kewan sumringah
Kembang-kembang semburat maneh

                                                Muhammad Khoirunnas
1.      Geguritan ing dhuwur iku nerangake bab ....
A.    Kembang semburat
B.     Kewan sumringah
C.     Kabeh bungah
D.    Kahanan wayah esuk

2.      ……………………..
Ora watara suwe
Wengise wengi sing kumlebat
Karosane ilang tanpa tilas
Kasentor ublik katon gagah
………………………….
Ukara sing kacethak kandel nduweni teges ….
A.    Ublik kang gedhe
B.     Sumunare srengenge
C.     Kasentor cahya
D.    Cahya rembulan

3.      Asil karya sastra Jawa kang ora kaiket ing aturan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu lan awujud puisi, diarani ....
A.    Tembang macapat
B.     Tembang dolanan
C.     Geguritan
D.    Gancaran

4.      Tembang sing ndhuweni paugeran 12u, 6a, 8i, 12a lan ndhuweni watak Kendho tanpa greget saut kanggo ing caritasing sajak mung sakepenake, tanpa kamempengan, diarani tembang ….
A.    Gambuh
B.     Pucung
C.     Pangkur
D.    kinanthi

5.      Tembang macapat iku kaiket ing paugeran ....
A.    Guru gatra, guru basa, guru lagu
B.     Guru gatra, guru wilangan, guru lagu
C.     Guru swara, guru basa, guru sastra
D.    Guru swara, guru lagu, guru wilangan

6.                    Pangkur
Jinejer ing wedhatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepi sepa lir sepah asamun
Samasane pakumpulan
Gonyak-ganyuk nglelingsemi

Guru wilangan lan lagune tembang macapat ing dhuwur yaiku ….
A.    8a, 11i, 8u, 7a, 12u , 8a, 8i
B.     8a, 11i, 8u, 8a, 12u, 8a, 8i
C.     8a, 11i, 8u, 7a, 12a, 8a, 8i
D.    8a, 11i, 8u, 8a, 12a, 8a, 8i

7.             Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
                        Tembang ing dhuwur kalebu jenis tembang macapat ...
A.    Gambuh
B.     Pucung
C.     Asmaradana
D.    Pangkur



8.      Maskumambang
Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi
Ha nemu duraka
Ing donya tumekeng akhir
Tan wurung kasurang-sura
Tembang ing dhuwur ndhuweni teges….
A.    Menawa ora nurut pitutur wong tuwa bakal durhaka lan uripe rekasa nganti mati
B.     Kita kudu nurut marang wong tuwa supaya uripe bisa kepenak tumekaning pati
C.     Menawa ora nurut pitutur wong tuwa bisa mati lan mlebu neraka
D.    Aja wani karo wong tuwa supaya ora urip rekasa lan urip mlebu surga

9.      ………….
Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip
………………
Tembung kalbu tegese ….
A.    Ati
B.     Pinter
C.     Rasa
D.    Pikiran

10.  Watake putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati.
Ukara ing dhuwur kalebu purwakanthi ….
A.    Guru sastra
B.     Guru gatra
C.     Guru basa
D.    Guru swara

11.  Sandhangan cakra, pengkal, lan keret diarani sandhangan….
A.    Swara
B.     Panyigeg wanda
C.     Wyanjana
D.    Panguwuh

12.  Tembung-tembung ing ngisor iki kang migunakake sandhangan pepet manawa ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ....
A.    Sambel
B.     Tempe
C.     Enak
D.    Jarene

13.  kemB=mw/ pasangan kang digunakake ana ing tetembungan iku pasangan ....
A.    Ba
B.     Ca
C.     Ta
D.    La

14.  [so[tobbt\ sandhangan kang digunakake ana ing tetembungan iku ....
A.    Suku
B.     Pepet
C.     Taling tarung
D.    Pangkon

15.  Jangan terong , panulisan Jawa sing trep yaiku ....
A.    jznte[r=o
B.     jznTe[r=o
C.     jz[nT[r=o
D.    jzntero=
16.  Tembang maskumambang, panulisan aksara Jawa sing trep yaiku ....
A.    msK|mmB=
B.     mskummB
C.     mskmB=
D.    mskmB=
17.  p[nnKc= wacanen tembung kasebut yaiku ....
A.    papan tulis
B.     panen kentang
C.     papan kayu
D.    Panen kacang
18.  gulrs[n….nzi=auyhrs[nasin\,
A.    pait\
B.     tw/
C.     mnis\
D.    asin\
19.   
Tokoh wayang ing dhuwur asmane ….
A.    b[go=
B.     g[r=
C.     wy=
D.    sem/
20.  Wit garing, yen ditulis aksara Jawa yaiku ....
A.    wtgri=
B.     witGri
C.     witGr=
D.    witGri=

21.                                                          Timun Mas
Dek jaman biyen ing salah sawijining desa, ana mbok randa sing urip dhewe ora ana anak utawa sedulur. Amarga urip dhewe, mbok randa mau kepengin duwe anak. Saben dina mbok randa ndonga awan bengi ing ngarsane Gusti Allah supaya diwenehi anak. Dheweke yakin manawa penjaluke bakal di kabulake dening Gusti Allah.
Tanpa sangerteni mbok randa, anggone donga awan bengi ing omahe kuwi mau keprungu Buto Ijo sing kebeneran liwat sacedhake kana. Buto Ijo banjur nyeluk mbok randa supaya metu saka omahe.Mbok randa kaget ngerteni ana Buto Ijo ing ngarep omahe.
Si Buto Ijo kandha manawa dheweke bisa nulungi mbok randa. Mbok randa bungah atine krungu kandane Buto Ijo kuwi mau, lan nyaguhi kabeh penjaluke Buto Ijo manawa dheweke bisa nduwe anak tenan.
Penjaluke Buto Ijo yaiku manawa anake mbok randa wis gedhe bakal njaluk maneh kanggo dipangan. Buto Ijo banjur menehi wiji timun sing kudu ditandur mbok randa. Sawise Buto Ijo kuwi mau lunga, mbok randa nandur wiji timun iku ana kebone. Wiji kuwi dirumat lan diopeni kanthi gemathi,disiram,diresiki sukete lan dirabuk supaya cepet tukul.

                                    Sumber :http://ariskacompnet.wordpress.com
Tokoh ing wacan ing dhuwur yaiku ....
A.    Mbok randa
B.     Buto Ijo
C.     Timun Mas
D.    Mbok Randa lan Buto Ijo

22.  Buto Ijo menehi mbok randa wiji timun sing kudu di ....
A.    Masak
B.     Tandur
C.     Sebar
D.    Bungkus

23.  Crita rakyat sing isine ngayawara utawa tanpa kasuyatan, gunane kanggo panglipur utawa ngisi wektu lodhang, diarani….

A.    Sage
B.     Mite
C.     Dongeng
D.    Legenda

24.  Aku ditumbasake ibu tuku buku dongeng cacahe telu.
Perangane ukara kang dadi wasesa yaiku ....
A.    Aku
B.     Ditumbasake
C.     Ibu
D.    Buku dongeng


25.  Ing ngisor iki ukara kang migunakake katrangan wektu yaiku ....
A.    Aku maca buku dongeng
B.     Esuk mau aku melu lomba dongeng
C.     Kancaku duwe buku crita papat
D.    Aku tuku crita saka dhaerah Blitar

26.  Parto pamit marang ibune yen dheweke arep mlaku-mlaku. Anggone pamit sing bener ....
A.    Bu, kula ajeng mlaku-mlaku
B.     Bu, aku arep mlampah-mlampah
C.     Bu, kula badhe tindak-tindak
D.    Bu, kula badhe mlampah-mlampah

27.  Bapak wis dhahar dhek mau esuk.
Ukara ing dhuwur nduweni pola ….
A.    J-W-L
B.     J-W-K
C.     K-J-W
D.    J-W-L-K

28.  Ukara ing ngisor iki sing nuduhake katerangan sebab yaitu….
A.    Supaya pinter nulis aksara Jawa, aku kudu latihan sing rajin
B.     Bapak ndandani sepedhah motor nganggo kunci pas
C.     Bani ora tau nggarap tugas mulane bijine elek
D.    Wingi Susanti ora sido lunga karo Ranti amerga lara untu

29.  Ukara ing ngisor iki kang nduweni pola ukara J-W-L-Kpiranti
A.    Budhe mundhut rambutan limang kilo
B.     Bapak nuthuk watu nganggo palu
C.     Aku nggarap tugas nganti bengi
D.    Supaya sehat, Roni ngombe vitamin

30.  Bapak ora kersa ngunjuk es sinom, amerga gerah.
Ukara ing dhuwur sing kalebu wasesa yaiku ….
A.    Bapak
B.     Ora kersa
C.     Ngunjuk
D.    Es sinom


    II.            Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis !
1.       …………………
Tutur bener punika
Sayektine apantes tiniru
Nadyan metu saking wong sudra papeki
Lamun becik nggone muruk
Iku pantes sira anggo
Tembang ing dhuwur aranana tembange lan golekana guru gatra, guru wilangan, sarta guru lagune !
2.      Sebutna 10 tuladha tembang macapat !
3.      Gawea ukara kanthi dhapukan  :
a.       J – W – L - K sebab
b.      Kwektu – J – W – L
4.      Tulisen nganggo aksara Jawa : “jagung sak kilo dipangan pitik jago lan dara”
5.      sumdinn/F|witRnD|ai=tegln\ tulisen nganggo aksara latin !

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Tindakan Aksi Nyata Modul 3.1.a.10

  Tindakan Aksi Nyata Modul 3.1.a.10 Pengambil Keputusan Sebagai Pemimpin Pembelajaran             Yekti Eriani, S.Pd CGP Angkatan 4...